Warga Ngurus IKD Nang Warkop
- Sep 19, 2024
- Rendra
Surabaya - Manukan Kulon pancen Mbois (MemBangun Organisasi Inovasi lan Solusi), ngurus IKD nang warkop, Kamis (19/09), lho...piye critane.
Dadi ngene Lurr... ono salah sijine warga manukan kulon, arane Cak Teguh jenengan, moro moro ate lungguh kursi warkop karo nggremeng,.....ngurus IKD ae kok angel, wes ngisi data terus kari foto kok gak mari mari.
Sak marine lungguh karo nyruput kopi, ono sing nakoni, delalah kok sing nakoni Cak Suudi petugas Kelurahan Manukan Kulon. Opo'o Cak IKD ne, takonne Cak Suudi. Terus di jawab karo Cak Teguh... iki lho kari foto ae kok mbolan mbaleni gak mari mari, jare Cak Teguh.
Mari ngunu Hp ne Cak Teguh di cekel Cak Suudi, terus di bantu di benakno sesuai urutane ngisi data, mari ngisi data karo mesisan sak aktivasine. Alhamdulillah... wes mari gak suwi suwi, wes gak perlu teko nang kantor Kelurahan, nang warkop ae wes iso beres, jare Cak Teguh.
Yukk... sing durung ngurus IKD lan aktivasi IKD (identitas kependudukan digital), gampang ora angel carane Lurr.
Sumber :
https://www.instagram.com/p/C_pX7TwBqZ8/?igsh=MTloN294aGdmb3Y3bg==